Matur nuwun dhumateng pranata cara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Kawilujengan, karaharjan, rahmat, saha berkahipun Gusti Kang Murbeng Dumadi mugi tansah kasarira kita sedaya.
Bapak lurah saha punggawaning dusun ingkang kinurmatan, para sesepuh lan pinisepuh kakung miwah putri ingkang kula urmati, bapak ibu para rawuh ingkang kula bekteni, lan mboten kesupen para kanca-kanca karang taruna ingkang kula tresnani.
Minangka pambuka inggih purwakaning atur, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja astawi puji astuti, raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, Pangeran Ingkang Mahawikan, dene kita sedaya tansah pinaringan kesarasan. Shalawat dalah salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW ingkang anyebaraken rahmat saha berkah saindheging jagad raya.
Saklajengipun ing mriki kula minangka sesulih pangurus karang taruna enggal, badhe ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng kanca-kanca karang taruna sedayanipun lan masyarakat Dusun Kesidan ingkang sampun paring jejibahan supados mandegani pawiyatan karang taruna punika kanthi kebak raos tanggel jawab ingkang ageng lan supados pangurus lami saged maringi pitedhah-pitedhah kangge ningkataken kamajenganipun pawiyatan karang taruna punika.
Ngengingi wekdal ingkang sampun antawis siang, pramila cekap semanten atur kula, menawi wonten kiranging atur saha kirang trapsilaning tindak tanduk, kula tansah suwun samodra pangaksama.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Sasono wicara kula aturaken kondur dhumateng pranata cara.
Nuwun.