Flying Maple


Rainbow

Cursor

Rabu, 24 Juli 2013

WAWANCARA

Wawancara kuwi sawijining pirembugan maton ing antarane wong sing ngumpulake katrangan, karo sing aweh katrangan tumindake bisa uga sing dijak guneman luwih saka siji.

Babagan kang perlu digatekake sadurunge nindakake wawancara yaiku:
1. nemtokake topik wawancarane.
2. nemtokake tujuane (informasi apa kang pengin digoleki).
3. nyiapake pitakon-pitakon.
4. nemtokake sapa narasumbere.
5. gawe janji karo narasumbere, kapan lan neng papan ngendi anggone ketemu kanggo wawancara.

Babagan kang kudu  digatekake wektu wawancara:
1. miwiti wawancara kanthi salam.
2. nganggo basa kang sopan lan miturut unggah-ungguhing basa.
3. pandelengane tumuju marang narasumber.
4. aja menehi pitakon-pitakon kang wangsulane "iya" utawa "ora".
5. pungkasi wawancara kanthi agunging matur nuwun amarga narasumber wis menehi informasine.