Flying Maple


Rainbow

Cursor

Kamis, 09 Februari 2012

Contoh Teks Pidhato



Matur nuwun dhumateng pranata cara ingkang sampun paring wekdal dhumateng kula.

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Kawilujengan, karaharjan, rahmat, saha berkahipun Gusti Kang Murbeng Dumadi mugi tansah kasarira kita sedaya.
Bapak lurah saha punggawaning dusun ingkang kinurmatan, para sesepuh lan pinisepuh kakung miwah putri ingkang kula urmati, bapak ibu para rawuh ingkang kula bekteni, lan mboten kesupen para kanca-kanca karang taruna ingkang kula tresnani.
Minangka pambuka inggih purwakaning atur, mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puja astawi puji astuti, raos syukur wonten ngarsa dalem Allah SWT, Pangeran Ingkang Mahawikan, dene kita sedaya tansah pinaringan kesarasan. Shalawat dalah salam kita aturaken wonten ngarsanipun Nabi Agung Muhammad Rasulullah SAW ingkang anyebaraken rahmat saha berkah saindheging jagad raya.
Saklajengipun ing mriki kula minangka sesulih pangurus karang taruna enggal, badhe ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dhumateng kanca-kanca karang taruna sedayanipun lan masyarakat Dusun Kesidan ingkang sampun paring jejibahan supados mandegani pawiyatan karang taruna punika kanthi kebak raos tanggel jawab ingkang ageng lan supados pangurus lami saged maringi pitedhah-pitedhah kangge ningkataken kamajenganipun pawiyatan karang taruna punika.
Ngengingi wekdal ingkang sampun antawis siang, pramila cekap semanten atur kula, menawi wonten kiranging atur saha kirang trapsilaning tindak tanduk, kula tansah suwun samodra pangaksama.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Sasono wicara kula aturaken kondur dhumateng pranata cara.
Nuwun.

Sabtu, 03 Desember 2011

Parikan

Inggih punika tetembungan utawi unen-unen ingkang kedadosan saking kalih ukara ingkang dhapukanipun mawi purwakanthi guru swara, saben saukara dumadi saking 2 gatra, ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kaping kalih minangka waosipun.


Parikan miturut cacahipun wanda saged kaperang dados tiga, inggih punika:
1. (4 wanda + 4 wanda) x2
   a. Numpak gethek, karo mlayu
       Kowe elek, aku ayu
   b. Awan-awan, mangan gethuk
       Bubar mangan, kari ngantuk
   c. Jamu pisan, kunir asem
      Temu pisan, mikir ayem


2. (4 wanda + 8 wanda) x2
   a. Mangan bakwan, nang aring pinggir wit pari
       Tesih prawan, kudu bisa njaga dhiri
   b. Kembang ganyong, jenengane puspanyidra
       Aja sombong, mundhak kowe kena cidra
   c. Tuku wedhus, tukune nang pasar kewan
       Urung adus, langsung golek sandhang pangan


3. (8 wanda + 8 wanda) x2
   a. Sapu tangan segi papat, dak kumbah lawan dak sikat
       Ayo kanca padha sholat, kanggo sangu nang akherat
   b. Wengi-wengi medang kopi, kopine sing merek luwak
       Senajan mbiyen mantan napi, tapi tesih nduwe akhlak
   c. Tuku buku merek sidu, tukune nang pasar Tugu
       Ibu kandha mbok digugu, mundhak sira ora kleru

Selasa, 01 November 2011

KEHIDUPAN AWAL MASYARAKAT INDONESIA


A.     KEHIDUPAN SOSIAL EKONOMI MASYARAKAT PRA-AKSARA DI INDONESIA
Bila ditinjau dari sistem mata pencahariannya, perkembangan kehidupan sosial ekonomi masyarakat pra-aksara melalui beberapa tahap, yaitu:
1.      MASYARAKAT BERBURU DAN MERAMU
a.       Perkembangan masyarakat pada masa ini berjalan sangat lamban.
b.  Manusia hidup tergantung dengan alam, makanan diperoleh dengan cara berburu, mengumpulkan umbi-umbian dan menangkap ikan.
c.       Mereka hidup dalam kelompok-kelompok kecil, hal ini untuk memudahkan langkah dan gerak mereka dalam mengikuti binatang buruannya, atau mengumpulkan makanan,
d.      Hidup berpindah-pindah tempat (nomaden)
e.       Pemilihan pemimpin dengan menggunakan sistem Primus Inter Pares.
f.        Menggunakan berbagai alat dari batu dan tulang

Kamis, 27 Oktober 2011

Sangune Pranata Cara

1.    WICARA


a.   PRANA/ PERNAPASAN
Napase sing landhung
b.   POCAPAN/ ARTIKULASI
1)    Kung (gandem-marem)
2)   Membat-mentul
3)   Dudu swara lugas
4)   Ara kakean pedhotan eeee...
5)   Ora swara bindheng
c.    DIALEK
Migunakaake dialeg Jawa baku Yogya/Sala.
2.    WIRAGA
PATRAP
a.   Ngadeg  ngapurancang, ora strandar pit, ora methentheng, tangane ora dilebokake sak
b.   Ora  kukur-kukur
c.    Sumeh
d.   Yen ana cagak mikrophone rasah dicopot
e.    Sing teteg, ora wigah-wigih
3.    TATA BUSANA LAN TATA RIAS
a.   Panganggone Klambi Besus (ora keciliken ora gegedhen)
b.   Ngerti cak-cakane cara ngendi Yoja apa sala apa Muslim
c.    Milih kelir sing cocok karo pakulitane
d.   Ora kakean asesoris
e.    Yen pupuran salapan wae ora perlu meblok-meblok kaya tembok
4.   WIRAMA
a.   Intonasi
b.   Stressing
c.    Phrasing
d.   Speed
e.    Volume
f.    Power
g.   Tone
h.   Timbre
5.    WIRASA
Wirasa gumantung saka jinising acara:
Yen ing acara upacara penganten digawe khidmad, wondene acara ing sripah digawe tintrim, dene yen acara hiburan digawe meriah. Ora kena kuwalik-walik.
6.   WIBASA
Diprayogakke akeh anggone sinau basa/ paramasastra
7.    MENTAL
a.   Nguasai Materi
b.   Teka ing acara luwih dhisik
c.    Telesi gurunge nalikane arep omong
d.   Dimantebke swarane
e.    Aja nglokro
f.    Percaya Diri (PeDe)
g.   Gladhen/ Latihan.