Inggih punika tetembungan utawi unen-unen ingkang kedadosan saking kalih ukara ingkang dhapukanipun mawi purwakanthi guru swara, saben saukara dumadi saking 2 gatra, ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kaping kalih minangka waosipun.
Parikan miturut cacahipun wanda saged kaperang dados tiga, inggih punika:
1. (4 wanda + 4 wanda) x2
a. Numpak gethek, karo mlayu
Kowe elek, aku ayu
b. Awan-awan, mangan gethuk
Bubar mangan, kari ngantuk
c. Jamu pisan, kunir asem
Temu pisan, mikir ayem
2. (4 wanda + 8 wanda) x2
a. Mangan bakwan, nang aring pinggir wit pari
Tesih prawan, kudu bisa njaga dhiri
b. Kembang ganyong, jenengane puspanyidra
Aja sombong, mundhak kowe kena cidra
c. Tuku wedhus, tukune nang pasar kewan
Urung adus, langsung golek sandhang pangan
3. (8 wanda + 8 wanda) x2
a. Sapu tangan segi papat, dak kumbah lawan dak sikat
Ayo kanca padha sholat, kanggo sangu nang akherat
b. Wengi-wengi medang kopi, kopine sing merek luwak
Senajan mbiyen mantan napi, tapi tesih nduwe akhlak
c. Tuku buku merek sidu, tukune nang pasar Tugu
Ibu kandha mbok digugu, mundhak sira ora kleru
Tidak ada komentar:
Posting Komentar