Nglilakna
dening: Desy Anindita Sari
Wis
jamak lumrah yen umur-umuran SMA kaya Adhit, sing jeneng jangkepe Raditya
Pratama saiki iki wis wiwit lirak-lirik golek cewek ayu kanggo dijak pacaran.
Pacarane bocah sekolah lho, dudu pacarane wong dhewasa sing wis siap nikah sing
adhate lewih mentingake praktek tinimbang teori. Lha yen pacarane bocah sekolah
kuwi tesih mentingake teori. Bisa diarani le pacaran yen padha-padha ketemu
tesih padha isin-isinan, nanging yen ora ketemu, sedina wae rasane kaya 24
tahun.
Yen kanggone Adhit ing wektu SMA kelas loro iki tesih
durung kepengin pacaran dhisit. Dheweke kepengin mentingake sekolahe supaya
mbesuke bisa dadi wong sukses sing bisa urip kepenak nanging tetep ora lali lan
tansah ndedonga marang sing gawe urip yaiku Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, uga
ora gemedhe. Wektu tesih enom iki mesthine dienggo kanggo sinau sing mempeng
kanggo mburu cita-cita.
Awan
kuwi Adhit lungguhan ing teras omahe sing cedhak kolam iwak. Ora let suwe Budi,
kanca cedhake Adhit teka menyang omahe Adhit. Dheweke ngajak sinau bareng
ngengingi pelajaran Bahasa Indonesia lan Kimia sekalian dolan.
“Dhit,
nggonamu tugas Bahasa Indonesiane sing kon nggawe cerita pendek wis rampung
urung?” pitakone Budi karo niliki buku tugase Adhit.