Nglilakna
dening: Desy Anindita Sari
Wis
jamak lumrah yen umur-umuran SMA kaya Adhit, sing jeneng jangkepe Raditya
Pratama saiki iki wis wiwit lirak-lirik golek cewek ayu kanggo dijak pacaran.
Pacarane bocah sekolah lho, dudu pacarane wong dhewasa sing wis siap nikah sing
adhate lewih mentingake praktek tinimbang teori. Lha yen pacarane bocah sekolah
kuwi tesih mentingake teori. Bisa diarani le pacaran yen padha-padha ketemu
tesih padha isin-isinan, nanging yen ora ketemu, sedina wae rasane kaya 24
tahun.

Awan
kuwi Adhit lungguhan ing teras omahe sing cedhak kolam iwak. Ora let suwe Budi,
kanca cedhake Adhit teka menyang omahe Adhit. Dheweke ngajak sinau bareng
ngengingi pelajaran Bahasa Indonesia lan Kimia sekalian dolan.
“Dhit,
nggonamu tugas Bahasa Indonesiane sing kon nggawe cerita pendek wis rampung
urung?” pitakone Budi karo niliki buku tugase Adhit.
“Kae
nggonaku wis rampung Bud, makane dadi bocah kuwi aja pacaran wae kudu bisa
mbagi wektu antarane sekolah karo dolan”, semaure Adhit guyon karo ngetokake
wedang lan sethithik panganan saking dhapure.
“Oya
Dhit, terus PR Kimiane piye? Sing nomer 3 kae lho, aku kok urung mudheng ya?”
pitakone Budi karo nyambar panganan sing nembe ditokna nang aring Adhit.
“Oh
sing nomer 3 ya, kuwi kan soale logam magnesium direaksikena karo larutan HCL
berlebih, persamaan reaksine Mg(s) + 2HCL(aq) → MgCl2(aq) +
H2(g). Volume gas H2 sing dikasilna (STP) 4,48
liter. Sing ditakokna kan massa logam magnesium (Ar:24) sing wis direaksikena.
Sedurunge nggeleti massa magnesiume kowe kudu nggeleti dhisit mol H2ne
carane yaiku:
n
H2 ,
terus mol H2ne dilebokna nang aring persamaan reaksine sing wis
setara:
Mg(s) +
2HCL(aq) → MgCl2(aq) +
H2(g)
0,2
mol
0,2 mol
Lha
bar kuwi kari nggeleti massa magnesiume kan kepenak neg wis digeleti mol zat
magnesiume, carane yaiku:
m
Mg
Gampang
kan carane nggeleti massa magnesiume, asal urut-urutane bener le nggeleti ya mesti
kepenak. Wis mudeng urung Bud?” pitakone Adhit karo njelasna marang Budi. Budi
namung manggut-manggut. Adhit pancen bocah pinter ning kelase, saben ulangan
utawane ujian wae dheweke kena diarani melu peringkat 3 besar tapi dheweke
tetep ora sombong.Dheweke mbesuk kepengin nerusna sekolah njupuk jurusan
Farmasi mula dheweke milih mlebu jurusan IPA ketimbang IPS.
Ora
nyana jebulane wis sore, sunare srengenge sing menthor-menthor wis ora keton.
Bebarengan karo angslupe srengenge nang imbang kulon, Budi gageh ageh njaluk
pamit.
“Dhit,
aku pamit mulih dhisit ya. Sepisan maning matur nuwun banget aku wis diwarahi
le nggarap PR Kimiane.” Kandhane Budi karo pamitan.
Angin
wengi kang sumribit ngelus dhadhane Adhit sing lagi lungguh nang aring cedhak
jendhela. Wengi iku ing Desa Candi hawane rada adhem, jalaran rampung udan.
Angen-angene nglayang, pikirane Adhit terus nglambrang tekan endi-endi ora.
Dheweke bingung karo katresnane sing nganti seprene ora kawruhan suk kapan lan
ing ngendi bakal papan menggoke. Ora let suwe wewayangane Wulan kang jeneng
jangkepe Puspita Wulandari kuwi kumlebat nang ngarep mripate Adhit. Wulan kuwi
bocahe wuayu tenan. Pakulitane kuning langsep, rambute dawa tekan sangisore
pundhak, untune miji timun. Yen mesem dekik pipine.
“Wah
senenge ya yen bisa dadi pacare Wulan”, guneme Adhit karo mesam-mesem dhewek.
Esuke,
bebarengan karo mletheke srengenge. Adhit mangkat menyang sekolahane sing
mewah, maksude mepet sawah. Sekolahane Adhit pancen mewah, manggone wae ana ing
tengahing sawah. Adhit mangkat menyang sekolahan ngganggo Tiger kesayangane,
Adhit bisa diarani anak kang wong tuwane uripe cukup.
Dina-dina
ing sekolahan, Adhit sering ketemu karo Wulan. Apa maneh dheweke uga sakelas
karo Wulan. Mula suwe-suwe ana rasa mak tratap ngono angger dheweke nyawang
mripate Wulan.
“Pratandha
apa iki ya?”, pitakone Adhit kang muncul ana ing njero atine.
“Atiku
dadi luwih sar-ser bareng kadhangkala aku nyenggol tangane Wulan sing aluse
kaya dalan tol kuwi. Pratandha apa maneh iki ya? Aku wiwit rada kikuk yen ana
ing sacedhake Wulan. Aku uga wiwit nduweni rasa kangen yen sedina-dina wae ora
weruh Wulan. Aku temen-temen wis jatuh cinta marang Wulan. Nanging aku tesih
bingung arep ngomong tresna marang Wulan.” Kandhane Adhit marang awake dhewek
karo ngguya-ngguyu sajak kepengin cepet-cepet nelukake atine Wulan.
Nganti
sawijining dina, sekolahan ngadhakna acara “Ulang Tahun” utawi sering uga
diarani “Dies Natalis” ingkang kaping 22 tahun. Kanggo persiapan acara kuwi
Adhit sing dadi ketua kelas ning kelase wis nyeleksi sapa wae sing bakal makili
kelase, kabeh wis dipersiapna nang Adhit karo pengurus kelas liyane kanthi
mateng.
Bubar
acara ulang tahun sekolah, Adhit ngajak Wulan mulih bareng. Sorene kuwi uga
Adhit ngajak Wulan mlaku-mlaku. Angin silir-silir krasa seger nang awak. Apa
maneh bareng karo cewek manis sing disenengi.
“Sakjane
aku ngajak metu Dhik Wulan iki ya rada wedi lho,” kandhane Adhit mancing.
“Apa
sing diwedeni mas,” pitakone Wulan gumun.
“Sepisan
aku wedi yen ditolak.”
“Nyatane
aku ora nolak ngene,” wangsulane Wulan karo mesem.
“Kepindhone
aku wedi yen ana sing cemburu.”
“Sapa
sing arep cemburu kuwi?”
“Lha
ya mesthi ana”. Kandhane Adhit guyon.
Wulan
meneng suwe, merga dheweke mung meneng Adhit nerusake omongane.
“Aku
kepengin cedhak karo Dhik Wulan, dadi kanca sing luwih cedhak. Kanca kanggo
andum bungah lan susah, lan neg bisa luwih saka iku”. Kandhanae Adhit serius.
Suwe
anggone Adhit ngenteni wangsulane Wulan, ora let suwe sirahe Wulan wis semendhe
ing dhadhane Adhit. Senajan dheweke ora kuwawa ngomong nanging Adhit
percaya merga kuwi mujudake wangsulan sing nyenengake kanggo Adhit.
Akhire
Adhit karo Wulan pacaran, pacaran sing sehat, pacaran kanggo motivasi ben
mempeng anggone le padha nuntut ilmu. Adhit wis kepencut karo bocah wadon sing
jenenge Wulan. Nanging Adhit tetep ora lali karo sekolahe, dheweke tetep
mempeng anggone sinau kanggo mburu cita-citane.
Dina-dina
kang dilewati Adhit lan Wulan tansah endah. Sawise ujian sekolah Wulan langsung
nemoni Adhit.
“Mas
Adhit, dhik Wulan ana perlu sedhilit karo mas Adhit. Mas Adhit ana wektu ora?”
“Ya
dhik, ana perlu apa ta?”
“Ngene
lho mas, dhik Wulan ora bisa terus karo mas Adhit.”
“Maksude
apa iki dhik? Mas Adhit ora ngerti?”
“Sesuk
sawise rampung anggone sekolah, dhik Wulan lan sakaluwarga pindah ning Bandung
mas. Dhik Wulan ora kepengin nggawe kuciwa marang mas Adhit.” Karo netesake
iluh Wulan mlayu langsung ninggalake Adhit dhewe. Atine Adhit abot banget kudu
nglilakna Wulan lunga. Dina iku uga, dina terakhire Adhit ketemu karo Wulan.
3
tahun wis lumaku anggone Adhit pisah karo Wulan, 3 tahun uga Adhit wis
ngrampungake kuliahe. Adhit langsung nyusul Wulan ing Bandung, nanging sawise
teka ing Bandung Adhit krungu kabar yen Wulan wis nikah karo Budi kanca cedhake
Adhit. Gelem ora gelem Adhit kudu nglilakna Wulan karo Budi.
***
Tidak ada komentar:
Posting Komentar